Teges, Jenis, Paugeran, Watak, Lan Falsafah Tembang Macapat

Tembang macapat uga diarani tembang cilik yaiku tembang kang duwe paugeran  Teges, Jenis, Paugeran, Watak, lan Falsafah Tembang Macapat

Tegese Tembang Macapat

Tembang macapat uga diarani tembang cilik yaiku tembang kang duwe paugeran guru gatra (cacahing larik), guru wilangan (cacahing wanda = suku kata), lan guru lagu (tibaning swara saben pungkasaning gatra (larik) tembang utawa dong ding.


Jenis Tembang Macapat

  1. Maskumambang
  2. Mijil
  3. Kinanthi
  4. Sinom
  5. Asmaradana
  6. Gambuh
  7. Dhandhanggula
  8. Durma
  9. Pangkur
  10. Megatruh
  11. Pocung

Paugeran / Aturan Tembang Macapat

Guru Gatra, yaiku cacahing gatra/larik saben sapada.
Guru Wilangan, yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
Guru Lagu, yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra.

Guru Gatra, Lagu lan Wilangan Tembang Macapat

Pocung                    (4 gatra)        12u, 6a, 8i, 12a
Maskumambang      (4 gatra)        12i, 6a, 8i, 8a
Gambuh                  (5 gatra)        7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Megatruh                (5 gatra)        12u, 8i, 8u, 8i, 8o
Kinanthi                  (6 gatra)        8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Mijil                         (6 gatra)        10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
Durma                     (7 gatra)        2a,7i, 6a, 7a, 8a, 5a, 7i
Pangkur                   (7 gatra)        8a, 11i,8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Asmaradana            (7 gatra)        8i, 8a, 8e/o, 8a, 8a, 8u, 8a
Sinom                      (9 gatra)        8a, 8i,8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Dhandhanggula       (10 gatra)      10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a

Wataking Tembang Macapat

Maskumambang : Nelangsa, kanggo nggambarake rasa sedhih keranta-ranta
Mijil : Prihatin, kanggo crita kang ngemu rasa kesedhihan. Suka pitutur kang melasasih/ kanggo gandrung.
Kinanthi : Seneng, tresna, kanggo nggambarake rasa katresnan.
Dhandhanggula : Luwes, kanggo nggambarake rasa apa bae.
Sinom : Canthas, kanggo aweh pitutur/ kanggo gandrung.
Asmaradana : sedhih, prihatin ing asmara. Kanggo crita kang sedhih lan asmara
Gambuh : Sumanak, Sumadulur kanggo aweh pitutur.
Durma : Nepsu, kanggo medharake rasaning ati kang gregeden utawa crita perang.
Pangkur : Nepsu, kanggo suka pitutur, carita perang, bebukaning crita
Megatruh : Trenyuh, memelas, kanggo carita kang ngemu rasa susah
Pocung : Gregeden, kendho, kanggo carita kang sakapenake.

Falsafah Tembang Macapat

Wong Jawa kuwe uripe seneng nggunakna pasemon (perumpamaan), saben tetembungan digothak-gathukake uripe manungsa. Tembang macapat nggambarake uriping manungsa (sekang lair tumekaning pati).

Maskumambang

Nggambarake “jabang bayi” kang isih ana kandhutane ibu, durung dapat mangerteni bayi kuwe lanang utawa wadon. ‘kumambang’ tegese kang durung mesthi, dadi uripe isih ngambang ing padharane Ibu.

Mijil

Nggambarake wektu laire jabang bayi, wis katon bayi kuwe lanang utawa wadon.

Kinanthi

Sekang tembung kanthi utawa tuntunan sing tegese dituntun semoga dapat mlaku ing panguripan alam donya.

Sinom

Ateges ‘kanoman’ , mujudake wektu longgar nalika isih enom kanggo ngelmu saakeh-akehe.

Asmaradana

Wis mulai nduweni rasa katresnan marang lawan jenis.mulai kasmaran dening wong liya.

Gambuh

Nduweni teges jumbuh/sarujuk/cocok, kang ateges wis cocok antarane lanang lan wadon kang wis nduweni rasa tresna.

Dhandhanggula

Nggambarake seneng-senenge, apa kang dikarepna dapat kasembadan, dapat nduweni jodho, kulawarga, lan urip sarwa kecukupan. Gula kuwe manis, lambange manise panguripaning manungsa.

Durma

Durma sekang tembung darma/weweh, menawa wong urip kuwe wis rumangsa cukup, mula banjur tuwuh rasa welas asih marang sapadha-padha

Pangkur

Pangkur sekang tembung mungkur/ mundur, kang ateges wis mungkur sekang hawa nepsu kadonyan.

Megatruh

Sekang tembung ‘megat-roh’, roh utawa nyawa kang wis oncat sekang badane/ragane. Ateges wis puput yuswa/seda

Pocung

Nggambarake layon dipocong, bali menyang Gusti kang Murbeng Dumadi.

Related : Teges, Jenis, Paugeran, Watak, Lan Falsafah Tembang Macapat

0 Komentar untuk "Teges, Jenis, Paugeran, Watak, Lan Falsafah Tembang Macapat"

DUKUNG KAMI

SAWER Ngopi Disini.! Merasa Terbantu Dengan artikel ini? Ayo Traktir Kopi Dengan Cara Berbagi Donasi. Agar Kami Tambah Semangat. Terimakasih :)